Thursday, February 1, 2018

Unggah - Ungguh Basa Jawa

Bab I. Pambuka
Puji syukur kawujuk marang Gusti ingkang Maha Agung sing uwis nglimpahake rahmat lan berkah saengga kita bisa ngrampungke tugas gawe makalah iki. Makalah iki yaiku salah sawijining syarat kanggo njangkepi tugas Basa Jawa SMA N 2 Wonosobo.
Kita nyuwun pangapura anggene gawe makalah, amarga makalah iki kurang sempurna lan akeh kesalahan sing ora dimangerteni.
Kirane kabeh sing uwis ngenehi pangerten marang kita kabeh, muga-muga entuk balesan saka gusti Allah. Pangajeng kita muga-muga makalah iki ana paedahe kanggo kabeh sing maca.
Wonosobo, 21 Mei 2014
Penulis

Bab II. Andharan
Unggah – ungguh Basa Jawa
Ana ing tanah Jawa, mligine ing Jawa Tengah, basa Jawa iku isih nduweni guna paedah kang gedhe banget ana ing satengahing bebrayan, amarga basa Jawa isih akeh sing nggunakake. Mula nggunakake basa Jawa iku kudu trep ora kena tumpang suh, salang tunjang.
Basa iku minangka sarana kanggo nulis, maca, ngrungokake, apa meneh guneman. Guneman prelu nggatekake unggah-ungguh basa, upamane guneman karo kanca, karo wong tuwa, guru lan liya-liyane.
  1. Pangertosan Unggah-Ungguh Basa
Unggah-ungguh basa yaiku pranatan basa nurut lenggahing tata krama utawa sopan santun. Tegese sapa wae wong kang kawastan mangerti unggah-ungguh basa, menawa nalikane guneman utawa srawung marang wong liya basane kudu di arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah wong mau tansah ditampa, disenengi ing pasrawungan sarta adoh saka panyendu.
Uwong kang ngerti unggah-ungguh bisa mapanake dhiri-pribadhine sakbener benere sarta tansah mangenehi kurmat karo wong liya.
  1. Bab-Bab kang Digatekake Kanggo Unggah-Ungguh Basa
Uwong kang bisa tansah mangenehi kurmat kanggo wong liya, sarta mapanake dhiri-pribadhine, mula sajroning guneman utawa sesambat karo wong liya kudu tansah nggatekake :
  1. Umur/yuswa
bocah cilik  kudu mangenehi kurmat wong sing luwih gede, sing enom kurmat karo wong kang luwih tuwa.
  1. Peprenahan
Peprenahan ning paseduluran/trah/awu. kang sing luwih enom kudu ngurmati kang sing luwih  tuwa, sanajan ning bab yuswa luwih tuwa. Anak kurmat karo bapak/simbok, adhi kurmat karo kakang/mbakyu, anak keponakan kurmat karo pak lik/pak dhe lsp.
  1. Drajat/Pangkat
Kalenggahan (kedudukan) uwong utawa drajat/pangkat luwih ning ngisore kudu mangenehi kurmat karo wong kang kalenggahane luwih dhuwur. Upama karyawan karo nduwurane, rakyat karo lurahe, wargane ngurmati karo sesepuhane, lsp.
  1. Kasugihan
Wong kang nduweni dhuwit-bandha akeh utawa sugih wajib dikurmati karo wong kang mlarat. Wong kang lemahe amba, mesthine uga di kurmati marang wong kang lemahe ciyut. Senajan kasebut ning nduwur ora salah saka watak sarta bebudine wong kang sugih mau. Kabehane mau mbalik karo unen-unen ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.
  1. Luhuring Bebuden
Wong kang duwe bebuden luhur luwih duwur mesthi luwih knurmatan ketimbang sing ora. Saumpama: pimpinan agama (ulama); nduwe titel (Dr., Drs.lsp); ahli seni (seniman); ahli budaya (budayawan), lsp.
  1. Keturunan
Anak turune wong sing duwe kaluhuran kaya sing disebut nang nomer 5, bakal luwih dukurmati timbang anak turune wong umum.
  1. Pitepangan Enggal
Wong sing srawung menawa wis kulina timbang sing kumpul anyar mesthi ngrasa kurmatan beda. Luwih kurmat saka wong sing nembe ngumpul anyar. Mula nggunakake unggah – ungguh luwih digatekake.
Wujuding Undha-Usuk Basa
Unggah-ungguh basa, wujude undha-usuk basa yaiku:
  • Basa ngoko (dhapukae tembung ngoko kabeh)
  • Basa ngoko alus (dhapukane tembung ngoko kacampur krama/krama inggil)
  • Basa krama (dhapukane tembung krama )
  • Basa krama alus (dhapukane tembung krama kacampur krama inggil
Trap-Trapanipun Basa
  • Trap-trapane basa ngoko:
  1. a)      Kanggo wong tuwo marang anake/ wong nom;
  2. b)      Kango padha-padha kanca sing wis akrab;
  3. c)      Pangageng marang reh-rehan;
  4. d)      Guru marang siswane.
  • Trap-trapane basa ngoko alus
  1. a)      Wong tuwo marang wong nom.
  2. b)      Kanggo ngraosi wong liyo kang statuse luwih duwur.
  3. c)      Wong sing raket srawunge, nanging padha dene kepengen ngajeni.
  • Trap-trapane basa krama
  1. a)      Wong guneman ing pasar
  2. b)      Wong padha kepethuk nang dalan
  • Trap-trapane basa krama alus
  1. a)      Anak marang wong tuwo, utawa wong kang luwih tuwo;
  2. b)      Siswa marang guru
  3. c)      Pitepangan enggal;
  4. d)      Punggawa utawa reh-rehan marang penginggile;
  5. e)      Anggota pakempalan marang ketuane.
Supaya trep anggone nggunakake unggah-ungguh basa, ana 4 prakara sing kudu ditindakake, yaiku :
  1. Mawas Dhiri tegese yen guneman kudu bisa ngukur kalungguhane marang wong sing diajak guneman.
  2. Mawas Basa tegese kanggo guneman bisa nggunakake basa ngoko lugu, ngoko alus, krama utawa krama alus.
  3. Mawas Tembung-tembunge tegese ora pareng kleru anggone ngucapake basa umpamane : pejah karo seda, nedha karo dhahar, lenggah karo pinarak, lsp.
  4. Mawas Sikep tegese tindak-tanduke kudu trep karo basa sing digunakake.
Ing jaman biyen cacahe unggah ungguh basa iku akeh banget, kurang luwih ana 8 jinis. Nanging saiki sing prelu dimangerteni lan disinau cukup 4, yaiku :
  1. Ngoko lugu
  2. Ngoko alus
  3. Krama lugu
  4. Krama alus
Basa Ngoko Lugu
Wujude : tembung ngoko kabeh, ora ana kramane.
Panganggone :
  1. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
  2. Menyang sing kaprenah enom.
  3. Yen lagi ngunandika.
  4. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.
Tuladha :
  • Mengko yen bali sekolah aku arep mbonceng.
  • Dhik, aku tulung tukokna garisan ana ing koperasi ya!
  • Kowe sesuk sida melu piknik menyang Jakarta?
  • Wis dadi kuwajibane siswa kudu sregep sinau.
Basa Ngoko Alus
Wujude : tembung ngoko kacampur krama inggil
Panganggone :
  1. Sadulur tuwa marang sadulur enom kang luwih dhuwur derajate.
  2. Garwane priyayi marang sing kakung.
  3. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.
Ana ing basa ngoko alus, tembung-tembung kang perlu dikramakake, yaiku :
  1. Kowe dadi panjenengan
  2. Tembung-tembung kang dadi pakaryan lan kahanane wong liyan
  3. Ater-ater kok/ko lan panambang –mu dadi panjenengan
  4. Tenbung-tembung kang gegayutan karo wong liya minangka pakurmatan
  5. Darbeke wong liya.
Dene tembung-tembung kang isih tetep basa ngoko yaiku:
  1. Aku
  2. Ater-ater dak/tak, ater-ater di-, kabeh panambang kajaba panambang mu-
  3. Tembung-tembung kang nuduhake pakaryan lan kahanane awake dhewe
  4. Tembung-tembung katrangan, panggandheng, ancer-ancer, wilangan, lsp.
Tuladha :
  • Sliramu saiki wis kepenak, wis cedhak anggone nyambut gawe.
  • Panjenengan yen tindak latihan senam dina apa?
  • Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan.
  • Dhik, sesuk aku nyuwun ngampil sepatu olah ragane panjenengan entuk apa ora?
  • Yen panjenengan kersa mangga dak aturi.
Basa Krama Lugu
Wujude : tembunge madya (ater-ater lan panambange krama)
Panganggone :
  1. Kanggo sapadha-padha sing wis kulina padha drajate.
  2. Garwane priyayi marang sing kakung.
  3. Priyayi marang sadulure tuwa kang luwih asor.
Tuladha :
  • Sampeyan niku pripun ta Mas, saprika-sapriki kok ngoten mawon.
  • Sampeyan niku saniki kantun enggar-enggar penggalih kemawon.
  • Dinten niki kula badhe kesah, sampeyan siyos nitip napa mboten?
  • Ibu ajeng kesah dhateng Jakarta, sampeyan tumut napa mboten?
  • Napa ndika saking desa ngriki mawon ta Mas?
Basa Krama Alus
Wujude :
  1. Tembunge krama (ater-ater lan panambange krama)
  2. Krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman)
Panganggone :
  1. Wong enom marang wong tuwa
  2. Batur marang bendarane
  3. Murid marang gurune
  4. Andhahan marang pimpinane
  5. Kanca karo kanca sing during kulina
Tuladha :
  • Anggen kula ngentosi Panjenengan ngantos dangu, nanging Panjenengan mboten rawuh-rawuh.
  • Bu, mangke dalu kula badhe sinau kelompok kaliyan kanca kula.
  • Manawi kepareng pak guru, kula badhe ndherek karyawisata klas III benjang Setu.
  • Adhi kula menawi badhe tilem nyuwun dipuncariyosaken dongeng Kancil Nyolong Timun.
  • Pak, kepareng badhe matur : “Mbenjang wulan ngajeng kula nyuwun dipuntumbasaken sepatu enggal, amargi sepatu kula sampun risak”.

Bab III. Panutup
          Bisa kito mangerteni basa Jawa iku salah sawijining basa kabudayaan Indonesia, sing nang njerone akeh unggah ungguh basane. Kudune Kita sing dadi wong Jawa iku bisa nglestarikake lan njaga ben kabudayaan iki ora ilang saka aluring jaman.
Cukup sakmene sing bisa kito paparake ngenani materi sing dadi pokok bahasan nang makalah iki, mesthine isih akeh kelemahan lan kekurangan, amarga ana keterbatasan pengetahuan lan kurange rujukan utawa referensi sing ana hubungane karo makalah iki.
Muga makalah iki bisa dadi manfangat kanggo kabeh kalangan sing mligine wong enom lan bocah saka tanah Jawa sing kudune perlu mangerteni basa daerahe dhewe.

0 comments:

Post a Comment

Berkomentarlah dengan baik, jika ada pertanyaan sesegera mungkin saya jawab