Apa Tumon ???
Kaluwarga Edan
Diwiwiwti
saka keluarga sing edan, yaiku keluargane Pak Afton sing bojone pingin banget
dundang Mimi Pipi kaya sing nang sinetron – sinetron, janjane yo Pak Afton ki
risi ananging kanggo nyenengake atine bojo akhire Pak Afton luluh atine
Ronde 1 ( Nang
umahe keluarga Pak Afton )
o
Pipi : “Assalamu’alaikuuuum... Ma’e bukakna
lawang ta Mak !!! Kiye Pa’e wis bali kiye !!!”
( karo nggrundel )
o
Mimi : ( Meneng bae, ora mbukakna lawang, malah
umpetan nang mburine )
o
Pipi : “La
kok... lawange ora digrendel, la kepriben kiye nek ana maling mlebu, brangkas sing isine duwet 10 ewu ya bisa
ilang...”
o
Mimi : ( Ngguyu nang ati )
o
Pipi :
“Walah... jan... M’ae ke nangdi, bali kerja wis kesel malah nana manungsa nang
umah !!!”
o
Mimi :
( Nabok bokonge Pipi nganggo gebuk kasur ) “Hayo... Pipi... nggoleki
Mimi ya... kangen ya karo Mimi...”
o
Pipi : “Iyonggg...Mbener bae ta ya Mak
!!! alahhh...ngarep banget dikangeni”
o
Mimi : “Ohhh...lara ya Pi...ngapura -
ngapura...” ( karo ngguyu )
o
Pipi : “Ya nalare ta ya Mak !!!
ngundang bae ndadak Pipi Mimi mbarang, sok – sokan !!!”
o
Mimi : “Ya ora papa ya... sing modern
titik ngono li...kaya neng sinetron – sinetron kae...”
o
Pipi : “Uluh... gaya mu... ya wis lah
nglegakna bojo ya Mi...” ( pasrah )
o
Mimi : “Na ngono li Pi...ndewek ndesa paha
tapi aja ngasi ketinggalan jaman”
o
Pipi : ( Mlaku nuju meja makan karo mbukak tudung
saji, lebare gedek – gedek ) “Heleh...dene ra nana papa kiye ngggo nganjel
weteng, Mimi pige ta ya..nana sega..nana lawuh..nana jangan..”
o
Mimi : ( Kaget karo nyekeli sirah ) “Walah...iya
Pi, Mimi klalen ora masak !!!” ( karo rodo mlayu ) “Koset – koset tak tukokna rese
neng Mang Jangan !!!”
o
Pipi : “Owalahhh...nasib..nasib..” (karo
naboki weteng ) “Sabar ya...sabar eeeh...”
Ronde 2
o
Mang Jangan : “Ayo Ibu – ibu...pada nglarisi...” ( karo
nepok – nepok dagangan )
o
Risty ( biduan ) : ( Nyanyi )
o
Mimi ( Bu Bening ) : ( Karo menggeh – menggeh )
“Mang...ana rese teri karo bumbu urap- urapan apa ora ?”
o
Mang Jangan : “ Ya ana ya...arep tuku pira Yu ?”
o
Mimi ( Bu Bening ) : “5 ewunan bae lahhh, cepet aling
ngedoline tahhh !!!”
o
Mang Jangan : “Ya sabar ya...ngapa nggere
!!!” ( karo menehake barang ) “nya kiye !!!”
o
Mimi ( Bu Bening ): ( Nggrebut bungkusan karo
menehi duwit lebare mlayu ) “Hooh kiye, selak domehi kakanda tercinta...”
o
Mang Jangan : “Uluhh...gayane, kakanda tercinta
jare...”
o
Bu Nurul : “Pancen Mang...Bu
Bening mono kakehan gaya...ujare abdi dalem mbokan...”
o
Risty ( biduan ) : ( Nyanyi )
o
Bu Nurul : “Ana pindang ora Mang ?
sing enak ning regane ya murah...”
o
Mang Jangan : “Langka barange Yu..., sing
enak ya mesthi larang lahhh !!!”
o
Bu Nurul : “Na sing kiye regane pira ?” ( karo nunjuk
pindang sing dipingini )
o
Mang Jangan : “5000 Yu...kuwi wis paling
muraaah !!!
o
Bu Nurul : “Walah...ya larang ya !!! mbok 1000 li...
entuk po ra ?
o
Mang Jangan : ( Gregeten ) “Ora !!! ora entuk Yu
semono !!!” ( ngomong lirih ) “Medhite...setengah urip...ngdzubillahhh...!!!”
o
Bu Nurul : “Ngomong apa Mang ???”
o
Mang Jangan : “Ora, ora ngomong papa Yu...”
o
Bu Nurul : “Ya wis, nek ra entuk
1000, 2000 bae wis...”
o
Mang Jangan : “Ora bathi Yu !!! nggo mbayar utang
we wis beja apa maning 2000 gelo anak karo bojone nyong arep mangan apa Yu
!?!?!”
o
Bu Nurul :
“Alah...yo wis lah.. ra sida bae !!!” ( karo mrengkel, banjur mlaku nggadohi
grobak )
o
Mang Jangan : “Owalah...pancen manungsa paling medhit sak
ndunyo ya kuwi !!!”
o
Risty ( biduan ) : ( Nyanyi )
o
Mang Jangan : “Aja nyanyi wae nggere li
Yu...ditukoni apa melu ngrewangi ngono !!!”
o
Risty ( biduan ) : “Ya sak durunge tuku ya nyanyi ndisit
ya ben nyegerake suasana ngono...”
o
Bu Nurul : (
Ngomong nang ati lan ngarep mbanget dundang Mang Jangan ) “Lha kok...ora
dundang maning si ya..” ( karo mlenguk ) “Laah...tapi kepriben maning ya anake
hurung maem..ya wis lah larang paha...” (akhire mbalik )
o
Mang Jangan : “Ngapa Yu mbalik maning ha !!!
o
Bu Nurul :
“ Ya ngapa si...kuwi mau 3000 entuk po ra ?”
o
Mang Jangan : “Tambahi 500 bae lah Yu... entuk
digawa bali lahh...”
o
Bu Nurul :
( mbukak dompet, padahal isine ya duwet abang kabeh, tapi sing di
wenehake duwit pas tur suwi banget aling menehakene ) “Laaah... ya wis, nya
duwite”
o
Mang Jangan : ( ndelokake isine dompet Bu Nurul )
“Walah akeh timen duwite ya Yu..., iki Yu pindange...mrene suwe timen tahh
duwite hhhh !!!”
o
Bu Nurul :
“Yo wis Mang suwun...”
o
Mang Jangan : “Yo Yu...ngesuk maning kala – kala
sepisaaan bae Yu aling tuku aja karo ngenyang ben bakule seneng ngedoline, wong
bloboh ki ra gawe sengsara kok Yu !!!”
o
Bu Nurul :
“Hee.eeh”
Ronde 3
Let dela Bu
Randa teka
o
Bu Randa : “Eeee...Mang Jangannn...”
o
Mang Jangan : “Ehhh apa ya Yu ? arep tuku apa
mrene ?”
o
Bu Randa : Hhhh Mang Jangan... aku arep tuku
atimu wae lahh, aku butuh cintamu... Muachhh”
o
Mang Jangan : “Sing mbener bae Yu !!! nyong nduwe
bojo Yu wis nduwe anak maning..”
o
Bu Randa : “Alah urusanmu lahhh...sing penting
aku pingin karo kowe...”
o
Risty ( biduan ) : ( Nyanyi )
o
Mang Jangan : ( wedhi banjur lunga nggowo grobakke mlayu )
“Kabuuurrr...”
o
Bu Randa : “Eeeeh Mang Jangan arep lunga nangdi
??? aku tresna sliramu Maaang...” ( maring Risti sang biduan ) “Apa lahhh
ndelok – ndelok hh..!!!”
o
Risty ( biduan ) : “Apa si hih...ndilalah wong
randa..!!!”
o
Bu Randa : “heeeeh ndilalah biduan ndesa”
Owalah wong
– wonge sinting kabeh pancen
Ronde 4
Pipi lebar
maem banjur jagongan nang pos ronda karo Kang Bolot
o
Pipi : “Eeeeh Kang Bolot... prige
kabare apik bae si ???”
o
Kang Bolot : “Apa ? bebeke pada kabur nangdi ???”
o
Pipi : “Kabare Kang kabare !!!” ( ngomong
seru nang kupinge Kang Bolot )
o
Kang Bolot : “Ooooh kabar tahhh...”
o
Pipi : “Hooo.oooh”
o
Kang Bolot : “ Ya Alhamdulillah apik apik bae...lha kono
prige kabare ?”
o
Pipi : “ Walah...jannn...mumettt”
o
Kang Bolot : “ Ya Alhamdulillah...ya”
o
Pipi : “Apa...?!?! nyong egen mumet
Kang !!! kakehan pikiran... !!! ( ngomong seru raine abang kaya banteng arep
nglabrak )
o
Kang Bolot : “ Walah..walah..Kang nyong arep dapakna
Kang ???” ( ngringkuk mojok ) “ampun..ampun...”
o
Pipi : “ Hhhh pancen nana guna
pancen...”
Ronde 5
Pipi bali
menyang umah banjur ngopi karo ngenteni anak – anakke bali sekolah
o
Pipi : ( Jagongan nang ruang tamu
karo ngopi ) “Walah... enak tenan jan nek bisa santai karo ngopi ngene iki...”
( nyruput kopi ) “Hueekkk... iki wedang kopi apa uyahh ta ya, Mimi !!!”
o
Mimi : “Apa Pi ???” ( karo mlaku
menyang ruang tamu )
o
Pipi : “ Prige ta ya Mi, gawe kopi
bae ra becus !!!”
o
Mimi : “La prige si Pi ? mbokan enak
tah kopi ala Mimi sing rasane kaya kopi sing nang restoran bintang lima kae
???”
o
Pipi : “Njajal bae kiye nyicip nya
nyicip !!!”
o
Mimi : “Ohhh lha mau mbarang gulane
entek ya anggone uyah ben ana rasane, njejal mrene tak cicipe... ( let dela )
huek...huek...asin timen si asin timen...”
o
Pipi : “La ya pantese ya Mi !!! ora
nduwe duwet si lumrah tapi aja mateni bojo ya, ora ana gula ya ora usah nggawe
kopi lahh”
o
Mimi : “Ya ngapura – ngapura mengko
tak ganti, tak dutangna gula ndisit... ya aja nyeneni ta...”
o
Pipi : “Ngesok mening nek mikir aja
nggo dengkul tapi nggo utekk ngerti !!!”
Let dela
anake bali sekolah
o
Alfun, Ezri, Vidia : “Assalamu’alaikuuum!!!”
( karo ngetok lawang )
o
Pipi : “Wa’alaikumsalam... ( mbukakna
lawang ) walah anake Pipi sing ayu – ayu kaya munthu wis da bali kiye, kesel
mesthi ya ???”
o
Alfun : “Walah Pi...ya kezyel
mbanget lah OMG !!!” ( mbalang tas neng kursi banjur njagong )
o
Pipi : “ La iki si kembar kesel po ra
?”
o
Ezri : ( meneng wae wong egek
headphone.an )
o
Vidia : “ Lha nggih kesel nggih Pi,
pripun si Pipi ?”
o
Pipi : “ Lha kuwi sijine sapa kuwi
Vi..Vidia.. aja mbudeg bae ta Pipi jupokna kopi sing digawe Mimi, eh.. nganggo
apa kuwi jenenge henpon apa apa kuwi jenenge ?”
o
Alfun : “ H e a d p h o n e Pipi
OMG !!!”
o
Vidia : “Hiiih Pipi niku pripun si !!! niku
Ezri sanes Vidia, Vidia niku kula !!!”
o
Pipi : “ Owalah hooh pa ? lha wong
rupane pada kaya ngono ka, ora ngerti bedane ya...”
o
Alfun : “ Oh My God Pipi...”
o
Vidia : “Zri...zri...” ( karo njawil Ezri
kembarane )
o
Ezri : “Apa si Vid... njawil –
njawil, gek penak ngrungokke lagune One Direction kok hh...”
o
Vidia : “ Kae lho Zri... Pipi pundhutake
kopi nang mburi sing digawe Mimi...”
o
Ezri : “Lah... la kok ora dee wae si
Vid !!!”
o
Vidia : “Prige si... wong dee sing
dikongkon kok wuuu..”
o
Ezri : “ Lhhh...”
o
Alfun : “ Pi...mbok Alfun diwenehi duwite
si nggo tuku alat rias kan Alfun wis SMA...”
o
Pipi : “Halah...ra sah menthel dadi
bocah !!!”
o
Alfun : “Laaah pelit timen !!!”
o
Vidia : “Pi...mbok kula ditumbasake
gamelan sak paket ta ngge latihan karawitan ben Vidia niku pinter nguri – uri
budhaya Jawi.. kan kula tiyang njawi”
o
Pipi : “Walah nduk kuwi ya regane
beryuta – yuta, duwit seka langit mbokan...”
o
Vidia : ( mrengut )
o
Ezri : ( wis mbalik karo menehi kopi
kanggo Pipi ) “Pi...?”
o
Pipi : “Njaluk apa maning kiye ?”
o
Ezri : “Pi..mbok kula niku
ditumbasake HP anyar sing merkke I Phone tah...?
o
Pipi : “Walah... jan... wis..wis..
Pipi gek mumet panjalukke aja sing aneh – aneh, nek paling tempe kemul siji si
tak turuti !!!”
o
Alfun, Ezri, Vidia : “Laaahh...Pipi
pelit.. Pipi peliiit.. Pipi peliiiiiiiiiit !!!”
Ronde 6
Lebar
jagongan nang pos ronda Kang Bolot banjur bali, tapi nang ndalan malah ketemu
Kang Topo
o
Kang Bolot : ( mlaku karo sing
sotan ) “Eeee kang Topo...” ( ngawe – awe Kang Topo )
o
Kang Topo : “Haaaa ???”
o
Kang Bolot : “Ke...tak
critani...”
o
Kang Topo : “Heeee ???”
o
Kang Bolot : “Ke...mau Kang Afton
crita karo nyong nek Kang Afton jare egen mumet...”
o
Kang Topo : “Hoooo ???”
o
Kang Bolot : “Nek kaya ngono kuwi
salahe sopo jal ?”
o
Kang Topo : “Talae topo??? Talae
Topo ???”
o
Kang Bolot : “Lah...ya wis lah
ngono bae critane, ndisit ya...”
o
Kang Topo : “Eaaaa...” ( mikir
karo madep Kang Bolot sing wis mlaku bali ) “ Talae Topo ???”
Bersambung....
0 comments:
Post a Comment
Berkomentarlah dengan baik, jika ada pertanyaan sesegera mungkin saya jawab